Sore iku Bajuri lagi numpak sepeda motor, nggoleki omahe jumiatun, kenalan anyar oleh teka pesbuk. Rumangsa kesasar, Bajuri langsung mbukak pesbuk… trus inbox-an nang Akune fb Jumiatun..
Bajuri : “halo yang jum..aku wis teka daerahmu iki.. Trus mlebu gang sing endi ?”
Jumiatun : “sing enek gapurane mas, trus sampean lurus kira-kira 25 meter ana omah gedung tingkat apik, wernane biru, mobile akeh…..”
Bajuri : “siap..aku wis teka kono… iki omahmu ta jum?”
Jumiatun : “dudu mas sampean belok kanan kira-kira 10 meter ana lapangan badminton… Lha sebelahe lapangan iku….”
Bajuri : “pasti iku omahmu yo jum?”
Jumiatun : “iku omahe tukang jahit mas..xixixi.. Lurus ae mengko mari jembatan ketemu omah, ana tulisane ISI ULANG PULSA lha iku…..”
Bajuri : “mesti iku omahmu khan?”
Jumiatun : “iku jenenge konter mas..xixixi..sampean belok kanan ae, trus ketemu kuburan..lha ngarepe kuburan iku…”
Bajuri (mulai kudu ngamuk) : “omahmu jum?”
Jumiatun : “iku gerbang kuburan mas..sampean aja mlebu..sampean belok kiri ae, mengko eruh peternakan bebek gede iku….,”
Bajuri (kudu ngamuk temenan) : “aaaarggh!..iku omahmu ta?”
Jumiatun : “aku dudu bebek mas.. iku jik lurus terus….mengko ketemu ALAS….iku…. ”
Bajuri (muntab): “IKU OMAHMU JUUUM??”
Jumiatun : “Aku dudu monyet mas.,pean lewat alas lurus terus, engkok ketemu masjid..lha sebelahe masjid iku…..”
Bajuri (emosi pol) : “NEK PISAN IKI NGOMONG DUDUK OMAHMU..TAK SANTET TEMENAN AWAKMU JUM..!!”
Jumiatun : “xixixi..sabar mas, dadi wong kok ngamuk-an.. ya iku omahku..wes ketemu durung, mas..? ”
Bajuri (lega campur lemes): “iya.. aku wis nang ngarep omahmu iki..asyeem ya ayang jum,..nggawe pegel awakku..Awas mari ngene ketemu tak jiwiti sampeyan..hehehe”
Jumiatun : “yo wis,.mlebu ae.. Onok emakku kok..
Bajuri : “lho kok malah emakmu sing dikongkon nemoni? Lha awakmu nang ndi jum..?”
Jumiatun : “aku…Aku…..wis suwi nang HONGKONG dadi tkw mas.. xixixixixixixixixix ”
Bajuri langsung ndelosor.