Sore-sore Bejo cangkruk ngelamun nang warung, pandangane kosong ambek tangane ngudek es teh. Moro-moro Paidi, koncone, teko ngageti terus langsung nyaut ngombene Bejo, diglogok sampek enthek, karepe ngono ngejak guyon.
Bejo nuangis gerung-gerung, koncone malih gupuh kabeh.
“Jo !
Kon iku jarene tentara, tapi kok cik gembenge, ngombemu tak saut ae wis nangis,” jare Paidi.
“Sak dino iku apes thok uripku,” jare Bejo.
“Lho opok’o, mbok menowo aku isok nulungi,” jare Paidi sakno.
“Isuk mau, aku dipecat mergo ngilangno bedhile komandan,” jare Bejo.
“Walah ngono ae lho, laopo se dipikir. Awakmu lak demphal tah, dadi bodyguard utowo preman pasar sik payu,” jare Paidi.
“Iku sik gak sepiro. Mari dipecat, aku mulih gasik. Pas sampek omah, dhadhak aku mergoki bojoku lagi indehoi ambek koncoku,” jare Bejo.

“Wis gak usah dipikir. Bojomu lak pancen ngono kelakuane, pegaten ae, wong wedhok sik uakeh sing tahes komes,” jare Paidi.
“Iku sik gak sepiro. Aku wis putus asa, katene bunuh diri ae. Aku tuku potas terus tak campur es teh, bareng arep tak ombe, dadakno kon saut pisan… ”
Paidi nggledag kejet2..